Senajan mekaten, ngerayakaken Maulid kedah miturut aturan agami. Tegese, perayaan menika kedah diisi kaliyan amal kesaenan, lan boten saged diisi kaliyan perbuatan ingkang munkar, maksiat ingkang kesasar lan nyasarake. Sebab, Gusti Allah lan para Malaikat maos sholawat dhumateng Kanjeng Nabi. Gusti Allah paring dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Tegesipun: Sanyatane Gusti Allah lan para Malaikatipun moco sholawat dhumateng Nabi. Heh wong-wong kang padha iman, padha maos sholawat dhumateng Nabi lan ucapna salam dhumateng Nabi. (QS. Al-Ahzab: 56).
Ayat menika negesaken menawa Kanjeng Nabi kagungan keistimewan ingkang boten dipun gadahi makhluk sanes, ngantos nampi sholawat lan salam saking Gusti Allah lan para malaikatipun.
Jamaah Jum'at ingkang kinurmatan,
Maos sholawat dhumateng Kanjeng Nabi menika boten sanes minangka tandha tresnan kita dhumateng Kanjeng Nabi. Imam Razi nate dawuh bilih tujuanipun Gusti Allah mategesaken kewajiban maos sholawat niku supados umat Islam langkung nyumurupi luhur lan agunge drajate Kanjeng Nabi wonten ing ngarsaning Gusti Allah.
Mula, manawi kita sampun tresna lan mbiasakaken maos sholawat, insya Allah kita bakal dipun ganjar lan dipun anggep nglampahi amal kesaenan. Awit berkahipun sholawat niku bakal nglembere marang kita sedaya. Mugi-mugi kita sedaya kalebet umat Islam ingkang mlebet swarga kaliyan Kanjeng Nabi tanpa dipun hisab.
Khutbah Jumat Maulid Nabi Bahasa Jawa 2
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىِّ ۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ صَلُّوا۟ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا۟ تَسْلِيمًا
Baca Juga: 6 Doa Maulid Nabi Lengkap: Tulisan Arab, Latin, Artinya
Poro sedherek kaum Muslimin ingkang kinurmatan,
Mangga kito sami-sami tansah netepi takwa dhumateng Gusti Allah kanthi tansah nindakaken sedaya dhawuh lan nyingkiri sedaya laranganipun, supados kito pikantuk rahmat lan kanugrahan saking ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala.
Poro sedherek kaum Muslimin ingkang kinurmatan, ing wulan meniko yaiku wulan Rabiul Awal utawi Mulud, wulan ingkang mulya, wulan kelahiranipun junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu 'alaihi wa sallam.
Ing sajarahipun manungsa, nalika jaman semanten, kaananing gesang tansah kebak permusuhan lan kekacauan, boten wonten katentreman. Masarakat tansah bodho lan katelatkan.
Bangsa Arab nalika semanten, bangsa ingkang adatipun remen nindes lan ngrampas hak-hak tiyang sanes, mendem-mendem, main judi, lan sapiturute. Dakwahipun Kanjeng Nabi malah dipun adhepi kanthi permusuhan dening masyarakatipun. Kadosdene dhawuhipun Allah wonten ing Al-Qur’an:
ألاَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْراً وَنِفَاقاً وَأجْدَرُ اَلَّايَعْلَمُوْا حُدُوْدَ ما اَنْزَلَ اللهُ عَلى رَسُوْلِه وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ
“Tegesipun: Wong-wong Arab iku banget kufur lan nifaqe, lan memper menawa ora padha mangerteni marang hukum-hukum kang dipun turunkan Allah marang utusanipun, lan Allah punika Dzat Kang Maha Wicaksana lan Ngudaneni.” (QS. At Taubah: 97)
Wonten pungkasane, Allah maringi pitedah dhumateng bangsa Arab kanthi ngleksanakake owah-owahan ingkang ageng.
Saking kaanan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking penindesan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab.
Ugi, saking kebengisan dados kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking permusuhan dados kerukunan, saking kesombongan dados toleransi, saking pepeteng dados pepadhang, saking kemunduran dados kemajuan, lan saking kesesatan dados kebenaran. Punika sedaya amargi kanugrahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Poro sedherek kaum Muslimin ingkang kinurmatan,
Cetha bilih kautusipun Kanjeng Nabi, punika sakestu minangka kanugrahan saking Gusti Allah tumrap kito sedaya. Kita kedah bersyukur kanthi nambahi mahabbah lan tresna dhumateng Kanjeng Nabi, lan ndherek piwulang ingkang dipun turunkan dhumateng panjenenganipun, inggih punika Al-Qur’an.
Ing wusana, mugi-mugi kito kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan, kados dhawuhipun Al-Qur’an:
فَالَّذِيْنَ أمَنُوْا بِه وَعَزَّرُوْهُ وَاتَّبَعُوْا النُّوْرَ الَّذِيْ اُنْزِلَ مَعَه اُولئِكَ هُمُ الْمُفلِحُوْنَ
“Tegesipun: Wong-wong ingkang iman marang Kanjeng Nabi, lan mulyaake, mbelani, lan ndherek pepadhang pituduh ingkang dipun turunkan dhumateng Kanjeng Nabi, yaiku Al-Qur’an, wong-wong meniko kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan.” (QS. Al A’raf: 157)
Mugi-mugi kita tansah dipun paringi pitulungan lan saged ndherek Kanjeng Nabi lan pitedahipun Al-Qur’an, lan pungkasanipun kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan saking ngarsanipun Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin.
Itulah contoh khutbah Jumat Maulid Nabi bahasa Jawa yang dapat dijadikan referensi. Semoga bermanfaat.
Kontributor : Dini Sukmaningtyas
Berita Terkait
Terpopuler
- Cara Menata Isi Dompet yang Baik Menurut Feng Shui agar Rezeki Lebih Lancar
- Amplop Raja Juli Menyusut SGD2.000, KPK Buka Peluang Periksa Ajudan hingga Kapolres Kuansing
- Masuk Desil 10 Padahal Penghasilan Pas-pasan? Jangan Panik, Ini Arti dan Penjelasan Resminya
- Contoh Teks Sambutan Ketua RT Malam Tirakatan 17 Agustus yang Singkat, dan Penuh Makna
- 4 Rice Cooker Mini Murah yang Cepat Matang dan Hemat Listrik Sesuai Review Pembeli
Pilihan
-
Prabowo: Ojol Sekarang Dapat 92 Persen Hasil Kerja, Pendapatannya Naik 3 Kali Lipat
-
Hadiri Sidang Tahunan, Intip Gaya Prabowo dan Gibran saat Tiba di Gedung Parlemen Senayan
-
Kampung Bahari Memanas! Massa Lawan BNN dan Brimob Pakai Petasan saat Gerebek Narkoba
-
Sudah Dibangun Sejak 2023, Sejauh Mana Bibit Sriwijaya Kemampo Pulihkan Hutan Sumsel?
-
Napak Tilas Jejak Kolonial Londo Ireng di Makam Kherkof Purworejo
Terkini
-
Local Media Community Gandeng Google Dukung Penguatan Ekosistem Media Lokal
-
Tegas! Menkeu Purbaya Ungkap Tak Ada Kenaikan Gaji Guru di 2027
-
Renjana Perca, Saat Fashion Indonesia Bertemu Ekonomi Sirkular
-
Modal Foto AI Berseragam Polisi, Pria di Bandung Tipu Korban dan Bawa Lari Uang
-
Insentif Guru Ngaji di Bogor Jadi Rp1,2 Juta per Tahun
-
Jaga Gajah Sumatera, Pertamina Kilang Plaju Perkuat Upaya Melestarikan Warisan Alam Sumsel
-
Temukan 1.500 Warga Terjebak Grup LGBT Daring, Pemkab Serang Siapkan Langkah Pembinaan
-
Bank Sumsel Babel dan Unsri Bersinergi Menyiapkan Generasi Pemimpin Masa Depan
-
Havaianas Debut Kitten Heel di Copenhagen Fashion Week
-
Perombakan Buku Sekolah, Solusi Literasi atau Cuma Proyek Bisnis Baru?